Sinau Aksara Jawa Karo Dolanan HP

- 20 Oktober 2023, 13:39 WIB
Sinau Aksara Jawa Karo Dolanan HP
Sinau Aksara Jawa Karo Dolanan HP /Banjarnegaraku.com

Seumpama saben dina bisa latian maca karo nulis, para siswa bakal lancar anggone sinau aksara Jawa

Saiki wis jamane digitalisasi, dadi para siswa gelem ora gelem kudu bisa lan ngerti babagan Ilmu Teknologi (IT). 

Sarana kanggo maca lan nulis aksara Jawa uga wis melu perkembangan jaman. Handphone (HP) sing saben dina degawa, bisa kanggo sinau aksara Jawa. 

Para siswa bisa whatsap-pan karo kancane nganggo aksara Jawa amarga para siswa wis bisa download keyboard aksara Jawa lumantar HP.

Baca Juga: Seberapa Jawa Kowe! Arti Kalimat Tetesing Ludiramu, Kanggo Nguripi Liyan, Sugeng Dinten Palang Merah Sedunia

Ora mung kuwe, para siswa uga bisa dolanan karo sinau aksara Jawa nganggo Teka-teki Silang Aksara Jawa sing ana nang HP. 

Para siswa mung download aplikasine, wis bisa dolanan nang endi papan. Bisa nang omah, sekolah utawa menawa lagi nang kendaraan. 

Ing TTS uga wis lengkap, ana aksara Jawa, pasangan, sandhangan, aksara rekan, murda, swara, lan angka Jawa. Ora mung iku, nanging ing TTS uga ana pada utawa tanda baca. 

Level kanggo dolanan uga ana sing paling dhasar kanggo niteni aksara Legena, uga ana level sing dhuwur (wis nganggo pasangan lan sandhangan).

Aksara Jawa lan Teka-teki Silang Aksara Jawa Berbasis Android mau bisa kanggo sinau aksara Jawa supaya cepet bisa maca lan nulis. 

Halaman:

Editor: Dimas D. Pradikta


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah