Sinau Aksara Jawa Karo Dolanan HP

- 20 Oktober 2023, 13:39 WIB
Sinau Aksara Jawa Karo Dolanan HP
Sinau Aksara Jawa Karo Dolanan HP /Banjarnegaraku.com

BANJARNEGARAKU.COM - Aksara Jawa minangka aksara tradisional sing digunakake kanggo nulis basa Jawa. Wujude aksara Jawa kuwe akeh, ana aksara carakan/legena, murda, swara, rekan, lan angka Jawa. 

Ora mung kuwe thok, nanging aksara carakan, murda lan rekan uga duweni pasangan sing para siswa kudu bisa ngerteni. 

Tumrap para siswa nulis lan maca aksara Jawa pancen angel, amarga ora mung kudu apal aksarane, nanging uga apal pasangan lan sandhangan. 

Baca Juga: Seberapa Jawa Kowe, Arti Kata Andrawina dan Damar Lengkap dengan Contoh Kalimat

Fungsi pasangan yakuwe kanggo nyambung suku kata utawa wanda katutup konsonan karo wanda ngarepe, kajaba wanda kang katutup wignyan, layar lan cecak. Menawa sandhangan yaiku tanda diakritik sing deenggo kanggo ngowahi swara ing tulisan Jawa.

Aksara Jawa antara siji lan liyane ana sing meh padha. Kayata aksara “da” kaliyan “sa”. Para siswa kudu titen karo aksara loro kuwe. Seumpama nulise kleru, macane uga kleru. 

Para siswa uga kudu bisa niteni kabeh aksara legena/carakan, amarga kuwe kanggo sinau sing paling dhasar. Aksara legena/carakan yakuwe aksara sing dhurung klebonan pasangan lan sandhangan, cacahe ana 20 yakuwe ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga. 

 Supaya luwih paham kanggo ngapalna aksara Jawa, para siswa kudu latian maca karo nulis aksara Jawa sing cacahe 20 mau. Nek wis apal, banjur pasangan lan sandhangane deemut-emut.

Baca Juga: Seberapa Jawa Kowe! Arti Kata Cuwa Lengkap dengan Contoh Kalimat

Halaman:

Editor: Dimas D. Pradikta


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x